Kamis, 04 Oktober 2012

GEGURITAN (PUISI BAHASA JAWA) ~Wong Tuwaku~

 Ibu . . .
Panjenengan sampun nglairake aku
Ngrawat aku ngantekan gedhe saiki
Lan sampun mulang aku sinau
Supaya dados lare ingkang sae lan pinter

Do'amu marang Gusti Allah mulia
Supaya uripe aku mbesuk kepenak
Lan mboten ngarepaken aku susah
Nanging urip iku mboten mesthi susah

Bapak . . .
Panjenengan kepala kaluwarga ing omah
Ingkang nggoleti arta kangge kaluwargamu
Anake panjenengan kathah
Nanging pada susah

Panas,adhem,lan udan campur dados setunggal
Nanging panjenengan mboten mikiraken niku
Ingkang dipikiraken panjenengan
Kepripun caranipun anak anakmu bisa dhahar

Ibu lan Bapak Guru . . .
Panjenengan saking omah
Badhe tindah sekolah
Kangge mulang para siswa siswi ingkang kathah

Panjenengan mulange mboten onten rasa kesuh
Lan mboten nyuwun pamrih
Kangge majukna para siswa siswi ingkang padha susah
Lan kangge majukna nagara ingkang lagi susah

Wong tuwa ku . . .
Bapak lan Ibu ing ana ngomah
Bapak lan Ibu Guru ing ana sekolah
Tugasnipun panjenengan kathah
Mboten teng omah lan sekolah
Nanging teng pundi mawon kathah

Tidak ada komentar:

Posting Komentar